Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

2 Contoh Teks Anekdot Bahasa Jawa Beserta Strukturnya

Kali ini saya akan membagikan salah satu contoh teks anekdot bahasa jawa beserta strukturnya pada pelajaran bahasa indonesia yang mungkin teman-teman butuhkan untuk mengerjakan tugas. Nah tanpa perlu banyak basa basi lagi simaklah beberapa contohnya dibawah ini.
2 Contoh Teks Anekdot Bahasa Jawa Beserta Strukturnya

Contoh Teks Anekdot Bahasa Jawa

Koran Esuk
Sawijining esuk Warto ngopi menyang warunge Bu Katmi. Ben ketoro koyok wong yes Warto banjur maca koran kaya wong penting. Ya lak Warto iso maca, la a,b,c wae Warto ora apal.

Setengah jam Warto mung mbolak mbalik ndeloki gambar ana ing koran. Nah ing halaman terakhir koran iku ana gambar cewek kang katon ayu. Warto banjur takok marang Bu Katmi.

Warto : "Bu, jane iki sapa kok katon ayu temenan"
Bu Katmi : "Endi lo, to ?"
Warto : "Iki lo bu. Kiro - kiro omahe ngendi yo, menawa iso tak apeli. haha..."
Bu Katmi : "Delok kene ! Oalah iki ngunu cah wadon kang nipu wong akeh. Ngakune pegawai bank kang iso gandakne duwit nganggo bungabank, to"
Warto : "Biyuh saiki tukang nipu ora ketara yo bu. Kudu ngati - ati aku sakiki"
Bu Katmi : "Makane aja sok nyawang teka rupa ayu banjur manut yen diapusi"

Contoh 2
Klambi Larang
Melody, bocah kelas loro SMA iki seneng banget tuku klambi. Melody bedo banget karo kancane sak bangku yaiku Ricis.
Isuk-isuk ing sekolahan, Melody ndeloki katalog klambi lewat hp ne banjur diparani karo Ricis.

Ricis                : Lod, awakmu iki panggah ngono ae. Panggah ndeloki katalog klambi.
Melody            : La apik-apik lho. Iki lho sawangen uapik klambine.
Ricis                : Hooh apik, tapi sawangen kuwi regane.
Melody            : Alah iki durong sepiro, nek omahku ana seng luwih larang.
Ricis                : Piro regane ?
Melody            : 900 ewu.
Ricis                : Halah, rego sakmono kok dibanggakne. Pengen ngerti sing luwih larang ora ?
Melody            : Piro regane sing luwih larang ?
Ricis                : 1 milyar.
Melody            : Biyuh larange. Klambi opo kuwi ?
Ricis                : Klambi tahanan KPK.
Melody            : Kok iso ?
Ricis             : Iyolah, politisi kae kudu njupuk duwite rakyat minimal 1 milyar lagek oleh gawe klambi kuwi
Melody            : Owalah ngono to, larang yo.
         
Sakwise omong-omongan hp ne Melody dilebokne tas amarga bel wis muni. Banjur kanca-kanca sak kelas donga bebarengan kanggo ngewiwiti pelajaran

Demikianlah 2 contoh teks anekdot dalam bahasa jawa beserta strukturnya semoga dapat membantu teman-teman semuanya dalam mengerjakan tugas.