Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

3 Contoh Teks Eksposisi Bahasa Jawa Beserta Strukturnya

Yoo pembaca kali ini saya akan membagikan 3 contoh teks eksposisi bahasa jawa beserta strukturnya yang merupakan salah satu materi pembelajaran bahasa indonesia yang mungkin teman-teman butuhkan untuk mengerjakan tugas. Nah tanpa perlu banyak basa basi lagi simaklah beberapa contoh dari teksnya dibawah ini.

3 Contoh Teks Eksposisi Bahasa Jawa Beserta Strukturnya
Contoh Teks Eksposisi Bahasa Jawa

Eksposisi Definisi
Timun suri nduwèni jeneng latin cucumis sativus iku kalebu varietas tanduran cucumber.  Timun suri iku, woh kang ngandhut akéh banyu lan ngandhut serat lan akeh provitamin A.  Timun suri biyasané akéh dituku nalika sasi pasa. Timun suri bentuké lonjong lan dawané kurang luwih 20 cm-25 cm lan dhiameter 10 cm-15 cm.   Nandur timun suri padha kaya nandur timun ananging beda kaya semangka lan melon kang mbutuhaké akéh pupuk lan banyu.  Nandur timun suri ora perlu akéh banyu.  Sawisé wiji thukuk lan nduwèni godhong kang dawané 10 cm, cukup disiram nalika esok lan sore.  Wit timun suri iku kalebu pala kasimpar awit mrambat.  Ukuran won timun suri kurang luwih padha kaya kates Bangkok lan abote tekan limang kilogram.  Timun suri bisa woh nalika umuré rong sasi.   Timun suri migunani tumprap kasehatan awak amarga timun suri ngandhut akeh vitamin A.  Saliyané iku timun suri bisa nglawan penyakit.  Woh timun suri uga bisa nyehataké ginjel lan limpa.  Timun suri uga bisa dadi obat tekanan darah tinggi.  Timun suri kang mateng bisa dititeni saka kulité.  Timun suri biyasane digawe es lan dicampur karo sirup lan es.  Saliyané iku, timun suri bisa digawe sop buah kayata blewah, melon, alpukat lan liya-liyané.

Eksposisi Proses
Gawè nopia isih nganggo cara kang tradisional.  Kanggo gawè kulit yaiku glepung trigu dicampur banyu banjur diaduk-aduk nganti dadi adonan.  Adonan iku mau banjur digawe bunder-bunder gedhènè sak jempol-jempol.Sakwisè kuwi banjur bunderan mau diisi nganggo gula jawa kang wis diremuk.  Sakwisè dadi banjur dioven nganti tekan mateng.

Eksposisi Laporan
Sejatine, ora mung ITS sing nawarake umah instan sehat kanggo Aceh utawa lewih populer kaliyan Rumah ITS kanggo Aceh (RI-A). Pusat Penelitian lan Pengembangan Pemukiman Departemen Pekerjaan Umum uga nawarake “Risha” alias Rumah Instan Sederhana Sehat. Modele meh  kembar, gampang dibongkar-pasang, malah motone “Pagi Pesan, Sore Hunu”. Bedani yaiku, sistem struktur lan konstruksi Risha bisa digawe bentuk panggung. Regane Raisha watek sethithik luwih larang, Rp 20 juta kanggo tipe 36. Tapi, umure bisa nganti 50 taun amarga komponen struktur nganggo beton sing bertulang, ditambah pelat baja nang sambungane. Kekuatane marang gempa uwis diuji nang laboratorium nganti zona ke nenem.

Nah itulah beberapa contoh dari teks eksposisi dalam bahasa jawa beserta strukturnya, semoga dapat membantu pembaca semuanya.